Tuesday 3 December 2013

Perbedaan Pensil 2B Asli dan Palsu

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ujian nasional dela maning, tentune dwek kudu akeh persiapan, contone nyiapna pensil 2b sing go ujian. nah berhubung siki akeh barang palsu, mesti pada bingung gulih milih sing asli. Kieh tek wei ngeri bedane pensil sing asli utawa sing palsu.

     Kieh bedane


  1. Dideleng kang regane, nek pensil 2b sing asli mestine regane larang, tp nek regane murah ya ati2 bae mbok kue pensil 2b palsu.
  2. Batang pensil 2B sing asli kudune lewih padang karo mambu khas kayu, nek sing palsu biasane warnane mandan abang karo mambune nyengat banget.
  3. Isi pensil 2B asli posisine nang tengah, ora miring.
  4. Pastikna sisi pensil 2b kinclong, kinclonge kie nggawe bulatan nang lembar jawab dadi genah lan penak diwaca scanner.
  5. Ujung pensil 2B asli warnane ireng pekat/banget.
  6. Logo karo tulisan pensil2B asli ditulis genah, nek sing palsu biasane cepet ilang.
  7. Pas di enggo mesti ora atos lan hasil goresane ireng banget, nek sing palsu ya jelas kewalikane.
wis cukup semene disit, moga2 pada bener gulih milih pensil 2B

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Monday 2 December 2013

Curanmor

Selamat pagi, siang, atau malam sodara sekalian. Saya adalah orang ngapak jadi saya mau bicara ngapak. Siki Nyong arep crita curanmor sing judule Nilai Matematiku.

Di critakna pada suatu dina mbuh dina apa ana bocah  SD Curanmor 01, sing jenenge Cipluk. Nang dina kue ana pembagian rapot tengah taun..

Bu Guru : "CIPLUK BIN SAMPLUK maju !"
Cipluk : "Iya buguru sayang !!"
Bu Guru: "sayang sayang ndasmu peank !! bocah ora sopan karo gurune."
Cipluk : "kan tak kenal tak sayang, ya wis siki aku arep mbringsung aring rika bu.
Bu Guru :"sih sih sih, aja..."
Cipluk : "Ana apa janeh bu, aku kon maju ?"
Bu Guru :"Deneke nilai matematikamu mudun pluk"
Cipluk :"Mudun ya di unggahna maning bu, nek ra gelem ya di untalna meng nduwur"
Bu Guru :"Owalah, bocah nek umur 18 taun asih kelas 5 SD gnah gemblung"
Cipluk :"Gemblung gemblung, aja mbajug rika bu. Ulih piji pira janeh enyong ?"
Bu Guru :"Pijimu gye 3 pluk, biasane koe paling gede dewek. 10 terus, deneke siki mudun ? ana masalah apa ?"
Cipluk :"iya bu, ana masalah gyeh bu, bu guru gelem bantu ora ?"
Bu Guru :"apa pluk ? buguru sebagai gurumu ya gelem mbantu"
Cipluk :"Temenan apa bu ? temenan ?"
Bu Guru :"Iya pluk iya... wis cepet, ngomong apa masalahmu"
Cipluk :"Kalkulatorku rusak bu"
Bu Guru : BrruuaaAAAkkKKKK !!!! (seperangkat meja dan kursi di samplukna aring raine cipluk)

1 JAM KEMUDIAN
Ambulan datang dan membawa cipluk kerumah sakit karena patah tulang leher.

THE END